kembang puspo jati ing ratri
tuwuh saking beninge ati
minangka dawuhe gusti
njaga slametiro kaki
tunggal wayah, dawah wanci
titi titenono puspo jati
tan muruk kang nggorohi
arisono galih medar wahyu jati
tinompo menebing pikir
lumah jembare manah
alus lampahe budi
nggegayuh begja bebungah