Saya bukanlah orang yang hafal hadits banyak atau ayat-ayat al qur’an
Tapi pesene si Mbah mbiyen neng awakku :
“Golek nglemu kuwi, luweh angel nek wes ketemu,
Coba sliramu nek wes apal kadis, trus yo gawe opo?
Opo gawe nyeneni wong liya, opo gawe minteri wong liyo?
Coba sliramu nek wes apal kuran, trus gawe opo?
Opo mung gawe apik2an swara, opo gawe nyacat wong liyo?
Ngger....
Gusti paring kuran kui gaween nasehat kanggo awak iro
Kanjeng nabi dawuh kadis kui tuladanen kanggo bagusi budiniro
Agama kui, yo ageman,
Maksude ngono, klambi kanggo nutup orat sing ala
Maksude ngono, yo cekelan, sing kudu iso dade’ake awakmu sekti mandraguno
Yo kabeh mahu...ngger
isoo dadi menungso sing sekti, disekke bekti karo pangeran
mandraguna, ngono maksdue isoo migunani marang liyan....”
(Sumber : Kitab Teles, Bab Pepeling, Pasal Agama)