Wayah dalu, si Mbah taksih kerso paring pepeling marang putra wayah,
Mangkene pituture :
Ngger putuke :
“ngudi ilmu kuwi kudu saking wetan, karepe yo kawitan
Luru laku kui yo saking badan, karepe yo ukuren salira pribadimu
Lamun ngawiti kudu papan sing iso kok jangkung,
mokal iso gagas, wong tani gawe kulkas
opo biso yakin neng Gusti,
lamun siro ora ngerti kahanan awan lawan bengi?
Opo biso laku sing setahun pisan
nanging bendinane podo kelangan?
Ngger putuku :
wong sing kepengen pinter kudu gelem mbodho
wong sing kepengen prigle kudu gelem pegel