Si Mbah maringi pitutur dateng putro wayah :
Ngger, anak putuku kabeh
Ono unen-unen mangkene :
“watuk kui iso ilang
nanging watek ora iso
bisane amung owah”
akeh sing podo nglaleake marang tembung kang pungkasan
mulane akeh podo sing ora gelem nggayuh budi sing kasan
==
WATUK kui kuwat-kuWATe metu kelawan tuTUK
amergo nora gelem leren menowo durung ngantuk
ilange, sebab tombo opo suwuk
ugo iso mangan turu sing tuwuk
==
WATEK kui kuwat-kuWATe uTEK
amergo penemune pikir sing seneng othak-athik
ora mikir olo kelawan apik
WATEK kui kuwat-kuWATe krenTEK
amergo yakin marang becik
tumibane malah laku sirik
==
Owahe WATEK kudu kelawan uTEK sing ajeg
Owahe WATEK kudu kelawan krenTEK sing jejeg
Ngger weruhono ...
lamun UTEK dadi alat nguwasani alam donya
Ngger podo digatekno .....
Lamun KRENTEK dadi ratune poncodriyo
==
(Sumber : Kitab Teles, Bab Kepribadian, Pasal Watek)